BERITA B. JAWA


Telung Daerah nang Jawa Timur Waspada Banjir Kiriman Teko Bengawan Solo
             Pirang – pirang daerah ing kawasan Pantai Utara, Jawa Timur kemungkinan gedhe ngalami banjir kiriman teko kali Bengawan Solo nang Bojonegoro. Udan seng terus – terusan nang kawasan hulu dadi penyebab ambere banyu kali Bengawan Solo nang wilayah hilir kayata Tuban, Lamongan, lan Gresik.
                   Laporan seng diterimo Dinas Pekerjaan Umum (PU) Pengairan Provinsi Jawa Timur akhir – akhir iki, kali Bengawan Solo nang Bojonegoro pirang – pirang dino iki wes siaga abang, utawa dukur banyune sampek 15,44 meter nang ndhuwur permukaan laut.Iku kedadean pas dina Minggu, 02 Februari 2014 bengi.
                   Pas dina Selasa, 04 Februari 2014, jarene Kepala Bidang Operasi lan Pemeliharaan Dinas PU Pengairan Provinsi Jawa Timur Soenoko, kekuatan tanggul ing Bojonegoro nang angka 16,50 mdpl, nek melebihi angka iku, banjir bisa melbu ing Kota Bojonegoro.
                   Nek misale wes melbu siaga abang, kabeh daerah ing wilayah hilir kayata Tuban, Lamongan lan Gresik kudu ati – ati. Untunge, dhuwure banyu ing kali Bengawan Solo pisan munggah mudun. Dina iki, menurute laporan, mudun maneh dadi siaga kuning nang angka 14,97 mdpl.
                   Penyebab banjir ing Bojonegoro dibedek amarga luapan ing Kali Madiun lan Kali Kening Tuban. Iki amarga udan deres teko daerah Gunung Lawu lan nggawe anak – anak kali amber.
                   Jarene Soenoko, pihake ngaku wes ngelakoni persiapan kontigensi bencana gawe ngantisipasi ambere kali Bengawan Solo. Yaiku nyiapno 780 bronjong kawat, 12.000 karung plastik lan menehi pangiling supaya ora mbukak lawang banyu ing tanggul – tanggul Bojonegoro.
                   Iku sek direwangi perlengkapan ing sanga UPT nganggo  4.000 karung plastik isine pasir, 70 bronjong kawat. Iku durung bantuan teko PT Jasa Tirta lan Balai Besar Wilayah Kali Bengawan Solo.
                   Pihake pisan nyiapno pirang – pirang pompa gawe mompa banyu supaya ngurangi genangan banyu. Ing Bojonegoro ono telung pompa ing Karangpacar, Banjarejo lan Ledok.

0 komentar:

Posting Komentar